gancaran tembang kinanthi
Bahasa lain
bachren1
Pertanyaan
gancaran tembang kinanthi
1 Jawaban
-
1. Jawaban LordVoldemort22
PADA 1
Padha gulangen ing kalbu,
Ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
pesunen sarinarira,
sudanen dhahar lan guling
TegeseĀ :
Pada ajaran/nglatih ati,
Supaya batinmu dadi pinter,
Ojo seneng mangan lan turu,
Gen iso kawujud opo sing dikarepake,
Prihatino awakmu,
Kurangono mangan lan turu
PADA 2
Dadiya laku niraku,
Cegah dhahar lawan guling,
lawan aja sukan - sukan
anganggoa sawatawis
ala watake wong suka,
nyuda prayitaning batin
TegeseĀ :
Supaya dadi kebiasaan,
Nyegah mangan lan turu,
Lan ojo seneng - seneng
Oleh seneng - seneng nangig sauntara wae,
Jalaran wong seneng - seneng iku ala
Marakake sudha prayitnane ati
PADA 3
Yen wis tinitah wong agung,
ywa sira gumunggung adhi,
aja nyelaki wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ngajak - ajak,
satemah anenulari
Tegese :
Yen koe dititahake dadi wong gedhe (wong luhur)
Koe ojo banjur umuk
Ojo cedhak - cedhak karo wong ala
sing elek tumindake
jalaran ora wurung
bakal nulari
PADA 4
Nadyan asor wijilipun,
yen kelakuwane becik,
utawa sugih carita,
carita kang dadi misil,
yen pantes raketana,
darapon mundah kang budhi
Tegese :
Sanadyan ala laire (njabane),
yen kelakuwane apik,
utawa sing ndue akeh carita,
carita sing bias dadi kauntungan,
yen apik cedhakono,
supaya mundhak budimu
PADA 5
Yen wong anom pan wus tamtu,
manut marang kang ngadhepi,
yen kang ngadhep keh durjana,
tan wurung bias anjudi,
yen kang ngadhep akeh banget,
nora wurung dadi maling
Tegese :
Yen uwong enom iku wis mesthi,
manut karo sing ngadhepi,
yen sing ngadhep iku durjana,
mesti dadi tukang main,
yen sing ngadhep ban*sat
mesti dadi maling.
PADA 6
Sanadyanta nora melu,
pasti wruh lakuning maling,
kaya mangkono sabarang,
panggawe ala puniki,
sok weruha gelis bias,
yeku panuntuning iblis.
Tegese :
Sanajan ora melu - melu,
mesthi weruh salahe maling,
kabeh panggawe opo wae,
panggawe ala iku,
yen kulina diweruhi,
banjur klakon dadi muride iblis.
PADA 7
Panggawe becik puniku,
gampang yen wus den lakoni,
angel yen durung linakwan,
aras - arasen nglakoni,
tur iku den lakonana,
mumpa'ati badareki.
Tegese :
Panggawe becik iku,
gampang yen wis dilakoni,
angel yen durung dilakoni,
aras - arisen nglakoni,
padahal kui kudu dilakoni,
migunane marang awakmu iki.